gegarising pesthi
kang nyaru sajroning wektu
saderma ngrembaka nala
natah bungah tan kena cinegah
sengsem mring artati esem
ngrumpaka puspa tanpa tidha
nyilem ing netra tidem,
sinungging surya kalajingga
yu,
aku lunga..
nora ngumbara jembar akasa
ngoyak kondhang, nggegayuh lintang
bebancik wuwungan tawang
aku kudu lunga
mingkari klebating naya
ngekep werdining ati sinandi
mlayu saka ngrerantu wektu
*mesu rasa, mbeburu sunya
#imlek2017